Jongko Joyoboyo
Posted by Wengker.com | Info Ponorogo Dan Sekitarnya on Tuesday, 5 March 2013
· Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran ;
Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
· Tanah Jawa kalungan wesi ; Pulau Jawa
berkalung besi.
· Prahu mlaku ing dhuwur awang-
awang ; Perahu berjalan di angkasa. · Kali ilang kedhunge ; Sungai kehilangan
mata air.
· Pasar ilang kumandhang ; Pasar
kehilangan suara.
Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya
wis cedhak ; Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat. · Bumi saya suwe saya mengkeret ; Bumi
semakin lama semakin mengerut.
· Sekilan bumi dipajeki ; Sejengkal tanah
dikenai pajak.
· Jaran doyan mangan sambel ; Kuda
suka makan sambal. · Wong wadon nganggo pakeyan lanang ;
Orang perempuan berpakaian lelaki.
· Iku tandhane yen wong bakal nemoni
wolak-waliking zaman ; Itu pertanda
orang akan mengalami zaman berbolak-
balik · Akeh janji ora ditetepi ; Banyak janji
tidak ditepati.
· keh wong wani nglanggar sumpahe
dhewe ; Banyak orang berani melanggar
sumpah sendiri.
· Manungsa padha seneng nyalah ; Orang- orang saling lempar kesalahan.
· Ora ngendahake hukum Hyang Widhi ;
Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
· Barang jahat diangkat-angkat ; Yang jahat dijunjung-junju ng. · Barang suci dibenci ; Yang suci (justru)
dibenci.
· Akeh manungsa mung ngutamakke
dhuwit ; Banyak orang hanya
mementingkan uang.
· Lali kamanungsan ; Lupa jati kemanusiaan.
· Lali kabecikan ; Lupa hikmah kebaikan.
· Lali sanak lali kadang ; Lupa sanak lupa
saudara.
· Akeh bapa lali anak ; Banyak ayah lupa
anak. · Akeh anak wani nglawan ibu ; Banyak
anak berani melawan ibu.
· Nantang bapa ; Menantang ayah.
· Sedulur padha cidra ; Saudara dan
saudara saling khianat.
· Kulawarga padha curiga ; Keluarga saling curiga.
· Kanca dadi mungsuh ; Kawan menjadi
lawan.
· Akeh manungsa lali asale ; Banyak
orang lupa asal-usul.
· Ukuman Ratu ora adil ; Hukuman Raja tidak adil
· Akeh pangkat sing jahat lan ganjil ;
Banyak pejabat jahat dan ganjil
· Akeh kelakuan sing ganjil ; Banyak ulah-
tabiat ganjil
· Wong apik-apik padha kapencil ; Orang yang baik justru tersisih.
· Akeh wong nyambut gawe apik-apik
padha krasa isin ; Banyak orang kerja
halal justru merasa malu. · Luwih utama ngapusi ; Lebih
mengutamakan menipu.
· Wegah nyambut gawe ; Malas untuk
bekerja.
· Kepingin urip mewah ; Inginnya hidup
mewah. · Ngumbar nafsu angkara murka,
nggedhekake duraka ; Melepas nafsu
angkara murka, memupuk durhaka. · Wong bener thenger-thenger ; Orang (yang) benar termangu-mangu.
· Wong salah bungah ; Orang (yang) salah
gembira ria.
· Wong apik ditampik-tampik ; Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong)
.
· Wong jahat munggah pangkat ;Orang
(yang) jahat naik pangkat.
· Wong agung kasinggung ; Orang (yang)
mulia dilecehkan · Wong ala kapuja ; Orang (yang) jahat
dipuji-puji.
· Wong wadon ilang kawirangane ;
perempuan hilang malu. · Wong lanang ilang kaprawirane ; Laki-
laki hilang jiwa kepemimpinan.
· Akeh wong lanang ora duwe bojo ;
Banyak laki-laki tak mau beristri.
· Akeh wong wadon ora setya marang
bojone ; Banyak perempuan ingkar pada suami.
· Akeh ibu padha ngedol anake ; Banyak
ibu menjual anak.
· Akeh wong wadon ngedol awake ;
Banyak perempuan menjual diri.
· Akeh wong ijol bebojo ; Banyak orang gonta-ganti pasangan.
· Wong wadon nunggang jaran ;
Perempuan menunggang kuda.
· Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki
naik tandu.
· Randha seuang loro ; Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
· Prawan seaga lima ; Lima perawan lima
picis.
· Dhudha pincang laku sembilan uang ;
Duda pincang laku sembilan uang.
· Akeh wong ngedol ngelmu ; Banyak orang berdagang ilmu.
· Akeh wong ngaku-aku ; Banyak orang
mengaku diri.
· Njabane putih njerone dhadhu ; Di luar
putih di dalam jingga.
· Ngakune suci, nanging sucine palsu ; Mengaku suci, tapi palsu belaka.
· Akeh bujuk akeh lojo ; Banyak tipu
banyak muslihat.
· Akeh udan salah mangsa ; Banyak hujan
salah musim.
· Akeh prawan tuwa ; Banyak perawan tua.
· Akeh randha nglairake anak ; Banyak
janda melahirkan bayi.
· Akeh jabang bayi lahir nggoleki
bapakne ; Banyak anak lahir mencari
bapaknya. . Agama akeh sing nantang ; Agama
banyak ditentang.
· Prikamanungsan saya ilang ;
Perikemanusiaan semakin hilang. · Omah suci dibenci ; Rumah suci dijauhi.
· Omah ala saya dipuja ; Rumah maksiat
makin dipuja.
· Wong wadon lacur ing ngendi-endi ;
Perempuan lacur dimana-mana.
· Akeh laknat ; Banyak kutukan · Akeh pengkianat ; Banyak pengkhianat.
· Anak mangan bapak ;Anak makan
bapak.
· Sedulur mangan sedulur ;Saudara
makan saudara.
· Kanca dadi mungsuh ;Kawan menjadi lawan.
· Guru disatru ; Guru dimusuhi.
· Tangga padha curiga ; Tetangga saling
curiga.
· Kana-kene saya angkara murka ;
Angkara murka semakin menjadi-jadi. · Sing weruh kebubuhan ; Barangsiapa
tahu terkena beban.
· Sing ora weruh ketutuh ; Sedang yang
tak tahu disalahkan.
· Besuk yen ana peperangan ; Kelak jika
terjadi perang. · Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor ;
Datang dari timur, barat, selatan, dan
utara. · Akeh wong becik saya sengsara ;
Banyak orang baik makin sengsara.
· Wong jahat saya seneng ; Sedang yang
jahat makin bahagia.
· Wektu iku akeh dhandhang diunekake
kuntul ; Ketika itu burung gagak dibilang bangau. · Wong salah dianggep bener ; Orang
salah dipandang benar.
· Pengkhianat nikmat ; Pengkhianat
nikmat.
· Durjana saya sempurna ; Durjana
semakin sempurna. · Wong jahat munggah pangkat ; Orang
jahat naik pangkat.
· Wong lugu kebelenggu ; Orang yang
lugu dibelenggu.
· Wong mulya dikunjara ; Orang yang
mulia dipenjara. · Sing curang garang ; Yang curang
berkuasa.
· Sing jujur kojur ; Yang jujur sengsara.
· Pedagang akeh sing keplarang ;
Pedagang banyak yang tenggelam.
· Wong main akeh sing ndadi ; penjudi banyak merajalela.
· Akeh barang haram ; Banyak barang
haram.
· Akeh anak haram ; Banyak anak haram.
· Wong wadon nglamar wong lanang ;
Perempuan melamar laki-laki. · Wong lanang ngasorake drajate dhewe ;
Laki-laki memperhina derajat sendiri.
· Akeh barang-barang mlebu luang ;
Banyak barang terbuang-buang.
· Akeh wong kaliren lan wuda ; Banyak
orang lapar dan telanjang. · Wong tuku ngglenik sing dodol ; pembeli
membujuk penjual.
· Sing dodol akal okol ; Si penjual bermain
siasat.
· Wong golek pangan kaya gabah diinteri ;
Mencari rizki ibarat gabah ditampi. · Sing kebat kliwat ; yang tangkas lepas.
· Sing telah sambat ; Yang terlanjur
menggerutu.
· Sing gedhe kesasar ; Yang besar
tersasar.
· Sing cilik kepleset ; Yang kecil terpeleset. · Sing anggak ketunggak ; Yang congkak
terbentur.
· Sing wedi mati ; Yang takut mati.
· Sing nekat mbrekat ; Yang nekat
mendapat berkat.
· Sing jerih ketindhih ; Yang hati kecil tertindih
· Sing ngawur makmur ; Yang ngawur
makmur
· Sing ngati-ati ngrintih ; Yang berhati-hati
merintih.
· Sing ngedan keduman ; Yang main gila menerima bagian.
· Sing waras nggagas ; Yang sehat pikiran
berpikir.
· Wong tani ditaleni ; Orang (yang) bertani
diikat.
· Wong dora ura-ura ; Orang (yang) bohong berdendang.
· Ratu ora netepi janji, musna
panguwasane ; Raja ingkar janji, hilang
wibawanya. · Bupati dadi rakyat ; Pegawai tinggi
menjadi rakyat.
· Wong cilik dadi priyayi ; Rakyat kecil jadi
priyayi.
· Sing mendele dadi gedhe ; Yang curang
jadi besar. · Sing jujur kojur ; Yang jujur celaka.
· Akeh omah ing ndhuwur jaran ; Banyak
rumah di punggung kuda.
· Wong mangan wong ; Orang makan
sesamanya.
· Anak lali bapak ; Anak lupa bapa. · Wong tuwa lali tuwane ; Orang tua lupa
ketuaan mereka.
· Pedagang adol barang saya laris ; Jualan
pedagang semakin laris.
· Bandhane saya ludhes ; Namun harta
mereka makin habis. · Akeh wong mati kaliren ing sisihe
pangan ; Banyak orang mati lapar di
samping makanan. · Akeh wong nyekel bandha nanging
uripe sangsara ; Banyak orang berharta
tapi hidup sengsara.
· Sing edan bisa dandan ; Yang gila bisa
bersolek.
· Sing bengkong bisa nggalang gedhong ; Si bengkok membangun mahligai.
· Wong waras lan adil uripe nggrantes lan
kepencil ; Yang waras dan adil hidup
merana dan tersisih. · Ana peperangan ing njero ; Terjadi
perang di dalam.
· Timbul amarga para pangkat akeh sing
padha salah paham ; Terjadi karena para
pembesar banyak salah faham.
· Durjana saya ngambra-ambra ; Kejahatan makin merajalela.
· Penjahat saya tambah ; Penjahat makin
banyak.
· Wong apik saya sengsar ; Yang baik
makin sengsara.
· Akeh wong mati jalaran saka peperangan ; Banyak orang mati karena
perang.
· Kebingungan lan kobongan ; Karena
bingung dan kebakaran.
· Wong bener saya thenger-thenger ; Si benar makin tertegun.
· Wong salah saya bungah-bungah ; Si
salah makin sorak sorai.
· Akeh bandha musna ora karuan
lungane ; Banyak harta hilang entah ke
mana · Akeh pangkat lan drajat pada minggat
ora karuan sababe ; Banyak pangkat dan
derajat lenyap entah mengapa.
· Akeh barang-barang haram, akeh bocah
haram ; Banyak barang haram, banyak
anak haram. · Bejane sing lali, bejane sing eling ;
Beruntunglah si lupa, beruntunglah si
sadar.
· Nanging sauntung-untung e sing lali ; Tapi betapapun beruntung si lupa.
· Isih untung sing waspada ; Masih lebih
beruntung si waspada.
· Angkara murka saya ndadi ; Angkara
murka semakin menjadi.
· Kana-kene saya bingung ; Di sana-sini makin bingung.
· Pedagang akeh alangane ; Pedagang
banyak rintangan.
· Akeh buruh nantang juragan ; Banyak
buruh melawan majikan.
· Juragan dadi umpan ; Majikan menjadi umpan.
· Sing suwarane seru oleh pengaruh ;
Yang bersuara tinggi mendapat
pengaruh.
· Wong pinter diingar-ingar ; Si pandai
direcoki. · Wong ala diuja ; Si jahat dimanjakan.
· Wong ngerti mangan ati ; Orang yang
mengerti makan hati.
· Bandha dadi memala ; artabenda
menjadi penyakit
· Pangkat dadi pemikat ; Pangkat menjadi pemukau.
· Sing sawenang-wenang rumangsa menang ; Yang sewenang-wenang
merasa menang
· Sing ngalah rumangsa kabeh salah ;
Yang mengalah merasa serba salah.
· Ana Bupati saka wong sing asor imane ;
Ada raja berasal orang beriman rendah. · Patihe kepala judhi ; Maha menterinya
benggol judi.
· Wong sing atine suci dibenci ; Yang
berhati suci dibenci.
· Wong sing jahat lan pinter jilat saya
derajat ; Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
· Pemerasan saya ndadra ; Pemerasan
merajalela.
· Maling lungguh wetenge mblenduk ;
Pencuri duduk berperut gendut.
. Pitik angrem saduwure pikulan ; Ayam mengeram di atas pikulan.
· Maling wani nantang sing duwe omah ;
Pencuri menantang si empunya rumah.
· Begal pada ndhugal ; Penyamun
semakin kurang ajar.
· Rampok padha keplok-keplok ; Perampok semua bersorak-sorai.
· Wong momong mitenah sing diemong ;
Si pengasuh memfitnah yang diasuh
· Wong jaga nyolong sing dijaga ; Si
penjaga mencuri yang dijaga.
· Wong njamin njaluk dijamin ; Si penjamin minta dijamin.
· Akeh wong mendem donga ; Banyak
orang mabuk doa.
· Kana-kene rebutan unggul ; mana-mana
berebut menang.
· Angkara murka ngombro-ombro ; Angkara murka menjadi-jadi.
· Agama ditantang ; Agama ditantang.
· Akeh wong angkara murka ; Banyak
orang angkara murka.
· Nggedhekake duraka ; Membesar-
besark an durhaka. · Ukum agama dilanggar ; Hukum agama
dilanggar.
· Prikamanungsan di-iles-iles ;
Perikemanusiaan diinjak-injak. · Kasusilan ditinggal ; Tata susila
diabaikan.
· Akeh wong edan, jahat lan kelangan
akal budi ; Banyak orang gila, jahat dan
hilang akal budi. · Wong cilik akeh sing kepencil ; Rakyat
kecil banyak tersingkir.
· Amarga dadi korbane si jahat sing jajil ;
Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
· Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan
duwe prajurit ; Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit. · Lan duwe prajurit ; Dan punya prajurit.
· Negarane ambane saprawolon ; Lebar
negeri seperdelapan dunia.
· Tukang mangan suap saya ndadra ;
Pemakan suap semakin merajalela.
· Wong jahat ditampa ; Orang jahat diterima.
· Wong suci dibenci ; Orang suci dibenci.
· Timah dianggep perak ; Timah dianggap
perak.
· Emas diarani tembaga ; Emas dibilang
tembaga · Dandang dikandakake kuntul ; Gagak
disebut bangau.
· Wong dosa sentosa ; Orang berdosa
sentosa.
· Wong cilik disalahake ; Rakyat jelata
dipersalahkan. · Wong nganggur kesungkur ; Si
penganggur tersungkur.
· Wong sregep krungkep ; Si tekun
terjerembab.
· Wong nyengit kesengit ; Orang busuk
hati dibenci. · Buruh mangluh ; Buruh menangis.
· Wong sugih krasa wedi ; Orang kaya
ketakutan.
· Wong wedi dadi priyayi ; Orang takut
jadi priyayi.
· Senenge wong jahat ; Berbahagialah si jahat.
· Susahe wong cilik ; Bersusahlah rakyat
kecil.
· Akeh wong dakwa dinakwa ; Banyak
orang saling tuduh.
· Tindake manungsa saya kuciwa ; Ulah manusia semakin tercela.
· Ratu karo Ratu pada rembugan negara
endi sing dipilih lan disenengi
; Para raja berunding negeri mana yang
dipilih dan disukai.
· Wong Jawa kari separo ; Orang Jawa tinggal setengah.
· Landa-Cina kari sejodho ; Belanda-Cina
tinggal sepasang.
· Akeh wong ijir, akeh wong cethil ;
Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
· Sing eman ora keduman ; Si hemat tidak mendapat bagian.
· Sing keduman ora eman ; Yang
mendapat bagian tidak berhemat.
· Akeh wong mbambung ; Banyak orang
berulah dungu.
· Akeh wong limbung ; Banyak orang limbung.
· Selot-selote mbesuk wolak-waliking
zaman teka ; Lambat-laun datanglah
kelak terbaliknya zaman. ket ; Jangka Jayabaya adalah ramalan
dalam tradisi Jawa yang salah satunya
dipercaya ditulis oleh Jayabaya, raja
Kerajaan Kadiri. Ramalan ini dikenal pada
khususnya di kalangan masyarakat Jawa
yg dilestarikan secara turun temurun oleh para pujangga .Asal Usul utama
serat jangka Jayabaya dapat dilihat pada
kitab Musasar yg digubah oleh Sunan Giri
Prapen. Sekalipun banyak keraguan
keaslianya tapi sangat jelas bunyi bait
pertama kitab Musasar yg menuliskan bahwasanya Jayabayalah yg membuat
ramalan-ramalan tersebut.


0 k o m e n t a r:
Post a Comment
>>> Please do not use anonymous ....
>>> Berikan data anda dengan benar.....
>>> Berikan komentar anda sebagai bukti bahwa anda adalah pengunjung dan bukan robot......
>>> Komentar ANONIM tidak akan ditanggapai oleh admin......
>>> Sorry, Admin will not respond to anonymous comments are not clear. so thank you